PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 11:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bar kuwi, Daud ngirim utusan bèn methuk* wong wédok kuwi.+ Mula wong wédok kuwi mara, lan Daud turu karo dhèwèké.+ (Iki kelakon wektu wong wédok kuwi lagi ngresiki awaké merga najis.)*+ Bar kuwi, wong wédok mau bali menyang omahé.

  • 2 Samuèl 12:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Mula saiki, keluargamu bakal terus ngalami musibah,*+ merga kowé wis ngrèmèhké Aku lan njupuk bojoné Uria wong Hèt kuwi bèn dadi bojomu.’ 11 Yéhuwah ngomong ngéné, ’Aku bakal nggawé kowé kena musibah sing asalé saka keluargamu dhéwé.+ Kowé bakal ndelok wektu bojo-bojomu Tak wènèhké wong lanang liya.+ Wong lanang kuwi bakal turu karo bojo-bojomu ing ngarepé kabèh wong.+

  • Wulang Bebasan 6:32-35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Wong sing laku jina* kuwi wong sing bodho.

      Wong kuwi nggawé uripé dhéwé dadi susah banget.+

      33 Dhèwèké bakal diécé lan ngalami kesusahan.+

      Dhèwèké ya bakal terus ngrasa isin.+

      34 Merga cemburu, wong lanang dadi nesu.

      Dhèwèké bakal mbales tanpa rasa mesakké.+

      35 Dhèwèké ora gelem nampa ganti rugi.*

      Dhèwèké ora gelem damai, senajan kowé mènèhi hadiah sing larang banget.

  • Ibrani 13:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong. Aja nganti wong lanang lan wong wédok sing wis nikah ora setya,+ merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan sing laku jina.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim