-
2 Babad 36:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Pas mréntah dadi raja, Zédékia+ umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm.+ 12 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé lan ora ngrendhahké dhiri ing ngarepé Nabi Yérémia+ sing ngomong nurut préntahé Yéhuwah. 13 Dhèwèké ya mbrontak nglawan Raja Nébukhadnézar,+ sing wis nggawé dhèwèké sumpah demi Gusti Allah. Dhèwèké ndableg, ora gelem dikandhani, lan ora gelem manut marang Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.
-