PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 39:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Njenengan nggawé umurku cendhak.*+

      Kanggoné Njenengan, suwéné aku urip kuwi ora ana apa-apané.+

      Senajan kétok kuwat, kabèh manungsa kuwi mung kaya napas.+ (Sela)

       6 Uripé manungsa kuwi kaya bayangan.

      Upayané ora ana gunané.

      Dhèwèké ngumpulké harta, ning ora ngerti sapa sing bakal nggunakké harta kuwi.+

  • Pengkhotbah 2:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ning, wektu aku mikirké kabèh sing wis dilakoni tanganku dhéwé lan kabèh kerja keras sing wis tak upayakké,+ aku ngerti nèk kabèh kuwi ora ana gunané kaya ngoyak* angin.+ Ora ana sing bener-bener ana manfaaté ing ngisoré matahari.+

  • Pengkhotbah 2:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Aku dadi sengit karo kabèh kerja kerasku ing ngisoré matahari,+ merga kuwi kudu tak tinggalké kanggo wong sing bakal ana sakwisé aku.+

  • Pengkhotbah 2:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Wong sing nyenengké Gusti Allah diwènèhi kawicaksanan, pengetahuan, lan rasa seneng.+ Ning, wong sing dosa diwènèhi gawéan kanggo ngumpulké lan nimbun harta bèn isa diwènèhké marang wong sing nyenengké Gusti Allah sing bener.+ Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

  • Lukas 12:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngati-ati, lan aja nganti kowé srakah.+ Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim