-
Yésaya 41:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Wong sing nggawé patung nyemangati tukang logam.+
Wong sing nuthuki logam nganggo palu nganti gèpèng
Nyemangati wong sing nuthuki wesi nganggo palu.
Dhèwèké ngomong, ”Logam sing wis dilas kuwi apik banget.”
Terus, patung kuwi dipaku ing panggonané bèn ora tiba.
-
-
Yésaya 46:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ana wong sing ngetokké emas sing akèh saka tasé.
Wong kuwi nimbang péraké
Lan mbayar tukang logam bèn nggawé pérak kuwi dadi patung allah.+
Terus, wong kuwi sujud lan nyembah patung kuwi.+
7 Patung kuwi dipikul ing pundhaké.+
Patung kuwi digawa lan didèlèhké ing panggonané.
Patung kuwi tetep ana ing kono lan ora pindhah saka panggonané.+
Wong kuwi njaluk tulung marang patung kuwi, ning ora dijawab.
Patung kuwi ora isa nylametké sapa-sapa saka kesusahan.+
-
-
Yérémia 10:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kuwi merga kebiasaané wong-wong kuwi ora ana gunané.
Pengrajin negor wit saka hutan,
Terus nggawé kuwi dadi patung nganggo alaté.+
-