-
Yésaya 44:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ana wong sing gawéané negor wit aras.
Dhèwèké milih wit sing gedhé.*
Wit kuwi diopèni nganti saya gedhé ing antarané wit-wit ing hutan.+
Dhèwèké nandur wit salam, lan wit kuwi thukul saya gedhé merga udan.
15 Ana wong sing ndadèkké wit kuwi dadi kayu bakar.
Kayu bakaré ana sing diobong bèn wong kuwi ora kadhemen.
Kayu kuwi ya digunakké kanggo manggang roti.
Kayu saka wit kuwi ya digawé allah lan disembah.
Kayu kuwi dibentuk dadi patung, terus disembah.+
-
-
Habakuk 2:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wong-wong percaya karo patung sing digawé,
Sing asalé saka kayu, watu, lan logam.
Ning, naséhat saka patung-patung kuwi palsu.
Brahala-brahala kuwi ora isa ngomong.
Mula, apa gunané kuwi kanggo wong-wong sing nggawé?+
-