-
1 Para Raja 21:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21 Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+
-
-
2 Para Raja 10:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Dadi, saiki kowé ngerti nèk kabèh omongané Yéhuwah sing Yéhuwah omongké soal keluargané Ahab mesthi bakal kelakon.+ Yéhuwah wis nindakké apa sing wis diomongké liwat Èlia.”+ 11 Yéhu ya matèni kabèh keluargané Ahab sing isih urip ing Yizréèl, termasuk wong-wong pentingé, kanca-kancané, lan para imamé,+ nganti ora ana manèh sing isih urip.+
-
-
Yérémia 22:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Iki sing diomongké Yéhuwah:
’Catheten nèk wong iki ora nduwé anak.
Wong sing ora bakal berhasil sakjegé uripé,
Sebab keturunané ora bakal ana sing berhasil lungguh ing takhtané Daud lan mréntah manèh ing Yéhuda.’”+
-