-
Yérémia 34:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Akhir-akhir iki* kowé wis berubah lan nindakké apa sing bener nurut pandhangan-Ku lan mbébaské budhakmu sing padha-padha wong Yahudiné. Kowé ya nggawé perjanjian ing ngarep-Ku, ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku. 16 Ning, kowé berubah manèh lan nggawé najis jeneng-Ku.+ Kowé nggawa bali manèh budhakmu lanang lan wédok sing wis mbok bébaské sesuai kepénginané wong-wong kuwi lan meksa wong-wong kuwi dadi budhak manèh.’
-
-
Mikha 3:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ning, kowé malah sengit karo apa sing apik+ lan seneng karo apa sing jahat.+
Kowé nguliti bangsaku, lan dagingé mbok pisahké saka balung-balungé.+
3 Kowé ya mangan dagingé bangsaku+
Lan nguliti wong-wong kuwi.
Balungé mbok hancurké lan mbok remuk,+
Kaya daging lan balung sing dimasak ing panci.
4 Wektu kuwi, kowé bakal njaluk tulung marang Yéhuwah,
Ning Dhèwèké ora bakal njawab.
-