PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 11:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Serigala bakal dolan bareng karo anak domba.+

      Macan tutul bakal turonan karo anak kambing.

      Anak sapi bakal dolan bareng karo singa* lan kéwan sing lemu.*+

      Kabèh kéwan kuwi bakal dipimpin karo bocah cilik.

       7 Sapi bakal mangan bareng karo beruang,

      Lan anak-anaké bakal turonan bareng.

      Singa bakal mangan suket kaya sapi.+

  • Yésaya 65:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Serigala lan domba bakal mangan bareng.

      Singa bakal mangan jerami kaya sapi,+

      Lan ula bakal mangan debu.

      Kéwan-kéwan kuwi ora bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci,”+ kandhané Yéhuwah.

  • Yèhèzkièl 34:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 ”’”Aku bakal nggawé perjanjian damai karo domba-domba-Ku.+ Aku bakal nyingkirké kéwan-kéwan liar sing buas+ saka tanah kuwi bèn padha isa manggon aman ing padhang belantara lan turu ing hutan-hutan.+

  • Hoséa 2:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Wektu kuwi, demi umat-Ku, Aku bakal nggawé perjanjian karo kéwan liar ing padhang+

      Lan karo manuk-manuk ing langit lan kéwan sing nggremet.*+

      Aku bakal nyingkirké busur panah, pedhang, lan perang saka tanah iki,+

      Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi aman manggon ing kono.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim