-
Yérémia 18:7-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Saben Aku ngomong nèk Aku arep nyabut, ngremuk, lan nyingkirké salah siji bangsa utawa kerajaan,+ 8 ning bangsa kuwi ora nindakké manèh kejahatan sing Tak omongké, Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké kanggo bangsa kuwi.+ 9 Tapi saben Aku ngomong nèk arep mbangun lan nandur salah siji bangsa utawa kerajaan, 10 ning bangsa kuwi malah nindakké sing èlèk nurut pandhangan-Ku lan ora manut omongan-Ku, Aku ya bakal berubah pikiran* soal apa sing apik sing wis Tak rencanakké kanggo bangsa kuwi.’
-
-
Yérémia 24:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Aku, Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, kandha, ’Para tawanan Yéhuda sing wis Tak usir saka panggonan iki menyang tanahé wong Khaldéa bakal Tak anggep apik kaya buah ara sing apik. 6 Aku bakal nggatèkké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa Tak berkahi. Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi bali manèh menyang tanah iki.+ Aku bakal mbangun wong-wong kuwi lan ora bakal Tak rubuhké. Aku bakal nandur wong-wong kuwi lan ora bakal Tak cabut.+
-