PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 5:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Para nabi nyampèkké ramalan palsu.+

      Para imamé nggunakké wewenangé kanggo mréntah liyané.

      Umat-Ku seneng karo sing kaya ngono kuwi.+

      Ning pas kuwi kabèh berakhir, kowé arep ngapa?”

  • Yérémia 6:12-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Omahé wong-wong kuwi bakal diwènèhké marang wong-wong liya.

      Ladhang lan bojoné wong-wong kuwi ya bakal diwènèhké marang wong-wong liya+

      Merga Aku wis ngangkat tangan-Ku nglawan penduduk tanah iki,” kandhané Yéhuwah.

      13 ”Kabèh wong saka rakyat biasa nganti pejabat padha nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur.+

      Saka nabi nganti imam, kabèh senengané ngapusi.+

      14 Wong-wong kuwi nyoba nambani luka-lukané umat-Ku, ning mung asal-asalan. Wong-wong kuwi kandha,

      ’Ana damai. Ana damai.’

      Padahal ora ana damai.+

      15 Apa wong-wong kuwi padha nduwé isin nindakké perkara-perkara sing njijiki kuwi?

      Ora, wong-wong kuwi babar blas ora nduwé isin.

      Malah wong-wong kuwi ora ngerti rasa isin kuwi piyé.+

      Mula, wong-wong kuwi bakal tiba ing antarané wong-wong sing wis tiba.

      Pas Aku ngukum wong-wong kuwi, wong-wong kuwi bakal kesandhung,” kandhané Yéhuwah.

  • Yérémia 27:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”’”’Mula, aja ngrungokké para nabimu, peramal, tukang tafsir mimpi, ahli ilmu gaib, lan ahli sihir sing kandha, ”Kowé ora bakal nglayani raja Babilon,”

  • Kidung Pangadhuh 2:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wahyu sing disampèkké para nabimu kuwi ora bener lan ora ana gunané.+

      Wong-wong kuwi ora nduduhké kesalahanmu bèn kowé ora ditawan,+

      Ning wong-wong kuwi malah terus nyritakké wahyu sing palsu lan nyesatké.+

  • Yèhèzkièl 22:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Ning, para nabimu nutup-nutupi tumindaké para pemimpin kuwi kaya nutupi témbok sing retak nganggo cèt putih. Para nabi kuwi nyampèkké wahyu sing palsu lan ramalan sing ora bener.+ Para nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,” padahal Yéhuwah ora ngomong apa-apa.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim