-
Yérémia 27:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Yérémia kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah marang aku: ’Gawénen tali-tali lan kayu-kayu sing dipasang ing gulu, terus pasangen sing siji ing gulumu. 3 Sing liyané kirimna marang raja Édom,+ raja Moab,+ rajané wong Ammon,+ raja Tirus,+ lan raja Sidon+ liwat para utusan sing teka marang Zédékia raja Yéhuda ing Yérusalèm.
-