PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 36:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Mula, Gusti Allah nggawé rajané wong Khaldéa+ nglawan wong-wong kuwi. Raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang+ ing panggonan suci.+ Raja kuwi ora mesakké karo cah lanang utawa cah wédok, sing tuwa utawa sing lara.+ Kabèh diserahké marang raja kuwi.+

  • 2 Babad 36:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Dhèwèké ngobong omahé Gusti Allah sing bener,+ ngrubuhké témbok Yérusalèm,+ ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé, lan nyingkirké kabèh sing berharga.+

  • Yérémia 17:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 ”’”Ning, nèk kowé ora manut préntah-Ku soal nyucèkké dina Sabat lan kowé nggawa mlebu barang liwat gerbang-gerbang Yérusalèm pas dina Sabat, Aku bakal ngobong gerbang-gerbangé. Menara-menara sing ana bèntèngé ing Yérusalèm+ ya bakal diobong, lan geniné ora isa dipatèni.”’”+

  • Yérémia 34:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhaa marang Zédékia+ raja Yéhuda, ”Yéhuwah ngomong ngéné: ’Aku bakal nyerahké kutha iki marang raja Babilon, lan kutha iki bakal diobong.+

  • Yérémia 37:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Senajan kowé ngalahké kabèh pasukan Khaldéa sing nyerang kowé lan sisané mung tinggal wong-wong sing luka parah, tetep waé wong-wong kuwi bakal mangkat saka kémahé lan ngobong kutha iki nganti entèk.”’”+

  • Yérémia 39:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Bar kuwi, wong Khaldéa ngobong istanané raja lan omahé rakyat.+ Wong-wong kuwi ya ngrubuhké témbok-témbok Yérusalèm.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim