-
Yérémia 14:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+
-
-
Yérémia 28:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+ 16 Mula iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal nyingkirké kowé saka bumi. Taun iki, kowé bakal mati merga kowé ngejak rakyat bèn padha mbrontak nglawan Yéhuwah.’”+
-
-
Yérémia 29:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aja gelem diapusi para peramal lan para nabi sing ana ing antaramu,+ lan aja percaya karo mimpiné, 9 sebab ’wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu marang kowé nganggo jeneng-Ku. Aku ora ngutus wong-wong kuwi,’+ kandhané Yéhuwah.”’”
-