PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 32:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Musa njaluk karo Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Yéhuwah, ngapa Njenengan nesu banget karo umat-Mu sakwisé nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir nganggo kuwasa sing gedhé?+ 12 Nèk Njenengan kaya ngono, wong Mesir bakal kandha, ’Gusti Allahé wong-wong kuwi nduwé niat jahat wektu nggawa metu wong-wong kuwi. Dhèwèké péngin matèni wong-wong kuwi ing gunung lan nyingkirké wong-wong kuwi saka bumi.’+ Aja nesu manèh. Tulung ubah keputusan-Mu kanggo nyingkirké umat-Mu.

  • Yosua 2:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+

  • Yosua 9:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Penduduk Gibéon+ ya krungu sing wis ditindakké Yosua marang Yérikho+ lan Ai.+

  • Yosua 9:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Wong Gibéon njawab, ”Aku teka saka panggonan sing adoh+ merga jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu wis terkenal. Aku wis krungu nèk Dhèwèké kuwi hébat banget. Aku ya wis krungu soal kabèh sing wis ditindakké ing Mesir+

  • 1 Samuèl 4:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Wong Filistin dadi wedi lan kandha, ”Gusti Allah wis teka ing perkémahan kuwi.”+ Mula wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé mesthi bakal cilaka, merga sing kaya ngono kuwi durung tau kelakon sakdurungé. 8 Awaké dhéwé mesthi bakal cilaka! Sapa sing bakal nylametké awaké dhéwé saka Gusti Allah sing kuwat? Gusti Allah iki sing nyerang Mesir nganggo akèh bencana ing padhang belantara.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim