-
Wahyu 5:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Terus, para pinituwa kuwi nyanyi lagu anyar,+ sing isiné, ”Njenengan pantes njupuk gulungan kuwi lan mbukak meterai-meterainé merga njenengan wis dikorbanké. Nganggo getihé njenengan, njenengan nuku wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa+ kanggo dadi duwèké Gusti Allah.+ 10 Njenengan ndadèkké wong-wong kuwi raja+ lan imam kanggo nglayani Gusti Allahé awaké dhéwé,+ lan wong-wong kuwi bakal dadi raja+ lan mréntah bumi.”
-
-
Wahyu 20:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus aku ndelok takhta-takhta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diwènèhi kuwasa kanggo ngadili. Aku ya ndelok getihé wong-wong sing dipatèni* merga mènèhi kesaksian soal Yésus lan ngomongké soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé lan ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané.+ Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus+ 1.000 taun suwéné.
-