PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 7:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Dhèwèké diwènèhi kuwasa,+ kehormatan,+ lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké.+ Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.+

  • Matius 20:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Aku njaluk bèn anakku loro iki isa lungguh ing cedhakmu ing Kerajaanmu.+ Sing siji ing sisih tengenmu, lan sijiné ing sisih kiwamu.”

  • Lukas 22:28-30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 ”Senajan ngono, kowé ora tau ninggalké aku+ wektu aku ngadhepi keadaan sing angèl.+ 29 Kaya Bapakku sing wis nggawé perjanjian karo aku, mula aku ya nggawé perjanjian karo kowé bèn kowé isa mréntah ing kerajaan,+ 30 bèn kowé isa mangan lan ngombé sak méja karo aku ing Kerajaanku,+ lan bèn kowé isa lungguh ing takhta+ kanggo ngadili suku Israèl 12.+

  • 1 Korintus 6:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong suci bakal ngadili donya?+ Terus, nèk donya iki waé bakal mbok adili, mosok kowé ora isa ngadili masalah sing cilik?

  • Wahyu 20:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus aku ndelok takhta-takhta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diwènèhi kuwasa kanggo ngadili. Aku ya ndelok getihé wong-wong sing dipatèni* merga mènèhi kesaksian soal Yésus lan ngomongké soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé lan ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané.+ Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus+ 1.000 taun suwéné.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim