13 Ning, pemimpin kerajaan+ Pèrsia nglawan aku 21 dina suwéné. Terus, Mikhaèl,*+ salah siji pemimpin sing kedudukané paling dhuwur, teka nulungi aku. Aku tetep ing kana, ing sampingé raja-raja Pèrsia.
9 Wektu Mikhaèl+ pemimpiné para malaékat+ padu karo Iblis soal mayaté Musa,+ dhèwèké ora wani ngadili Iblis nganggo omongan sing ngrèmèhké.+ Dhèwèké malah kandha, ”Muga-muga Yéhuwah* ngadili kowé.”+
7 Terus, ana perang ing swarga. Mikhaèl*+ lan malaékat-malaékaté perang nglawan naga kuwi. Naga kuwi ya nglawan diéwangi malaékat-malaékaté. 8 Ning, naga kuwi lan malaékat-malaékaté kalah lan ora éntuk manggon ing swarga manèh.