13 Ning, pemimpin kerajaan+ Pèrsia nglawan aku 21 dina suwéné. Terus, Mikhaèl,*+ salah siji pemimpin sing kedudukané paling dhuwur, teka nulungi aku. Aku tetep ing kana, ing sampingé raja-raja Pèrsia.
12”Wektu kuwi Mikhaèl*+ bakal tumindak.* Dhèwèké kuwi pemimpin agung+ sing mbéla bangsamu. Terus, bakal ana wektu sing susah sing durung tau kelakon kèt anané bangsa-bangsa nganti tekan wektu kuwi. Wektu kuwi, bangsamu bakal slamet,+ yaiku sapa waé sing jenengé ditulis ing bukuné Gusti Allah.+
9 Wektu Mikhaèl+ pemimpiné para malaékat+ padu karo Iblis soal mayaté Musa,+ dhèwèké ora wani ngadili Iblis nganggo omongan sing ngrèmèhké.+ Dhèwèké malah kandha, ”Muga-muga Yéhuwah* ngadili kowé.”+