PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 20:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 ”’Kowé kudu manut lan nindakké+ kabèh peraturan lan hukum-Ku+ supaya kowé ora diusir+ saka tanah sing arep Tak wènèhké kowé dadi panggonanmu.

  • Pangandharing Torèt 28:63, 64
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.

      64 ”Yéhuwah bakal nggawé kowé mencar-mencar ing antarané kabèh bangsa, saka pucuké bumi tekan pucuké bumi,+ lan ing kana kowé bakal nyembah allah-allah saka kayu lan watu, yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+

  • Yosua 23:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Ning, kaya Yéhuwah Gusti Allahmu wis nepati kabèh janjiné sing apik marang kowé,+ Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé kabèh bencana sing wis Dhèwèké janjèkké* marang kowé. Dhèwèké bakal nyingkirké kowé saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16 Nèk kowé nglanggar perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing kuduné mbok tepati lan nèk kowé nyembah lan sujud marang allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget marang kowé.+ Kowé ya bakal langsung disingkirké saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké marang kowé.”+

  • 1 Para Raja 9:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Ning, nèk kowé lan keturunanmu ninggalké Aku lan ora nindakké préntah lan peraturan-Ku sing Tak wènèhké marang kowé, terus nglayani lan sujud marang allah-allah liya,+ 7 Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim