-
Para Hakim 2:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah terus nyembah Baal lan patung-patung Astorèt.+
-
-
1 Para Raja 16:30-32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Kanggoné Yéhuwah, Ahab anaké Omri kuwi luwih jahat timbang wong-wong sakdurungé dhèwèké.+ 31 Dhèwèké niru dosa-dosané Yéroboam+ anaké Nébat, ning kuwi durung ana apa-apané, merga dhèwèké ya ndadèkké Izebèl+ anaké wédok Ètbaal raja Sidon+ dadi bojoné lan mulai nglayani Baal+ lan sujud ing ngarepé. 32 Terus, dhèwèké mbangun mézbah kanggo Baal ing kuil Baal+ sing dhèwèké bangun ing Samaria.
-
-
2 Para Raja 17:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.”
-