-
Mazmur 75:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Yéhuwah nyekel gelas+
Sing isiné anggur sing wis dicampur lan sing wis metu busané.
-
-
Yésaya 51:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Gusti Yéhuwah, Gusti Allah sing nglindhungi umaté, ngomong ngéné,
”Aku bakal njupuk gelas sing nggawé kowé sempoyongan,+
Yaiku gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku.
Kowé ora bakal ngombé saka gelas kuwi manèh.+
23 Gelas kuwi bakal Tak wènèhké marang wong-wong sing nyiksa kowé,+
Sing ngomong karo kowé, ’Kowé kudu mbungkuk bèn aku isa mlaku karo ngidak gegermu.’
Gegermu dadi kaya lemah
Lan kaya dalan sing diliwati.”
-
-
Yérémia 25:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa lan ora gelem ngombé saka gelas sing mbok gawa, kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Kowé kudu ngombé iki.
-