-
Yérémia 7:5-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Nèk kowé bener-bener ngubah tumindak lan kelakuanmu, nèk kowé adil wektu nangani masalah antarané wong siji karo wong liyané,+ 6 nèk kowé ora nindhes penduduk asing, anak yatim piatu,* lan randha,+ nèk kowé ora matèni wong sing ora salah ing tanah iki, lan nèk kowé ora nyembah allah-allah liya sing nyilakani awakmu dhéwé,+ 7 Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné, ing tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangmu kanggo saklawasé.”’”
-
-
Yérémia 25:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Para nabi kuwi kandha, ’Kowé aja nindakké sing jahat manèh+ bèn kowé isa manggon suwé ing tanah sing mbiyèn wis diwènèhké Yéhuwah marang kowé lan nènèk moyangmu. 6 Aja nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Aja nggawé brahala bèn ora nglarani atiné Gusti Allah. Nèk kowé nganti nindakké kuwi, Gusti Allah bakal ngukum kowé.’
-