PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 30:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,

      ”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+

      Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh

      Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+

      Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.

      Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+

  • Yèhèzkièl 34:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Domba-domba-Ku ora bakal dadi mangsané bangsa-bangsa manèh lan ora bakal dipangan kéwan-kéwan buas. Domba-domba-Ku bakal manggon aman lan ora ana sing bakal nggawé wedi.+

  • Yèhèzkièl 39:25, 26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nggawé keturunané Yakub+ sing ditawan bali manèh ing tanahé, lan Aku bakal mesakké kabèh wong Israèl.+ Aku bakal semangat mbéla jeneng-Ku sing suci.+ 26 Sakwisé dirèmèhké merga wis ora setya marang Aku,+ wong-wong kuwi bakal manggon aman ing tanahé. Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.+

  • Hoséa 2:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Wektu kuwi, demi umat-Ku, Aku bakal nggawé perjanjian karo kéwan liar ing padhang+

      Lan karo manuk-manuk ing langit lan kéwan sing nggremet.*+

      Aku bakal nyingkirké busur panah, pedhang, lan perang saka tanah iki,+

      Lan Aku bakal nggawé wong-wong kuwi aman manggon ing kono.+

  • Mikha 4:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Saben wong bakal lungguh* ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé.+

      Ora ana sing bakal nggawé wedi+

      Merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim