-
Markus 10:46-52Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 Yésus lan murid-muridé tekan ing kutha Yérikho. Wektu Yésus lan murid-muridé metu saka Yérikho bareng karo akèh wong, ana pengemis sing wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ Wong kuwi jenengé Bartiméus (anaké Timéus). 47 Pengemis kuwi krungu nèk sing lagi liwat kono kuwi Yésus wong Nazarèt. Mula dhèwèké mbengok, ”Yésus, Anaké Daud,+ tulung mesakké aku.”+ 48 Wong-wong nyenèni dhèwèké lan ngongkon bèn dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 49 Terus, Yésus mandheg lan kandha, ”Undangen* wong kuwi mréné.” Wong-wong marani wong wuta kuwi lan kandha marang dhèwèké, ”Aja wedi. Ndang ngadega. Kowé diundang kaé lho.” 50 Wong wuta kuwi cepet-cepet ngadeg lan nguncalké klambi njabané, terus marani Yésus. 51 Yésus nakoni wong kuwi, ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Guru,* aku péngin isa ndelok manèh.” 52 Terus, Yésus kandha marang wong kuwi, ”Muliha. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wuta kuwi langsung isa ndelok+ lan mulai ngetutké Yésus.
-
-
Lukas 18:35-43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Wektu Yésus wis ing cedhaké kutha Yérikho, ana pengemis wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ 36 Merga krungu swarané wong akèh sing lagi liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kelakon. 37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat kéné.” 38 Wong wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 40 Terus, Yésus mandheg lan ngongkon bèn wong wuta kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong wuta kuwi nyedhak, Yésus nakoni dhèwèké, 41 ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, aku péngin isa ndelok manèh.” 42 Mula Yésus kandha, ”Ya, saiki kowé isa ndelok manèh. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ 43 Wong lanang kuwi langsung isa ndelok manèh. Dhèwèké mulai ngetutké Yésus+ lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing ndelok kuwi ya ngluhurké Gusti Allah.+
-