PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 20:29-34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Wektu ninggalké kutha Yérikho, Yésus lan murid-muridé dietutké karo akèh wong. 30 Ing pinggir dalan, ana wong wuta loro sing lagi lungguh lan krungu nèk Yésus lagi liwat. Wong loro kuwi mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.”+ 31 Akèh wong nyenèni wong loro kuwi lan ngongkon bèn wong loro kuwi meneng. Ning, wong loro kuwi malah mbengok saya banter, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 32 Yésus mandheg, ngundang* wong loro kuwi, lan kandha, ”Kowé péngin njaluk apa?” 33 Wong loro kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin isa ndelok.” 34 Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong loro kuwi.+ Wong loro kuwi langsung isa ndelok. Terus, wong loro kuwi ngetutké Yésus.

  • Lukas 18:35-43
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wektu Yésus wis ing cedhaké kutha Yérikho, ana pengemis wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ 36 Merga krungu swarané wong akèh sing lagi liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kelakon. 37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat kéné.” 38 Wong wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 40 Terus, Yésus mandheg lan ngongkon bèn wong wuta kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong wuta kuwi nyedhak, Yésus nakoni dhèwèké, 41 ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, aku péngin isa ndelok manèh.” 42 Mula Yésus kandha, ”Ya, saiki kowé isa ndelok manèh. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ 43 Wong lanang kuwi langsung isa ndelok manèh. Dhèwèké mulai ngetutké Yésus+ lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing ndelok kuwi ya ngluhurké Gusti Allah.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim