-
Markus 11:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé tekan ing cedhak désa Bètfagé lan Bétani+ sing ana ing Gunung Zaitun. Terus, Yésus ngongkon muridé loro,+ 2 kandhané, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 3 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki. Mengko bakal ndang dibalèkké mréné manèh.’”
-
-
Lukas 19:28-31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus neruské perjalanan menyang Yérusalèm. 29 Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani sing ana ing gunung sing disebut Gunung Zaitun,+ Yésus ngutus muridé loro.+ 30 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 31 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’”
-