PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 21:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé mandheg ing Bètfagé ing Gunung Zaitun. Ing kono, Yésus ngutus muridé loro.+ 2 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing ditalèni. Uculana taliné, lan gawanen loro-loroné mréné. 3 Nèk ana sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Wong kuwi mesthi bakal langsung mènèhké keledainé.”

  • Markus 11:1-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé tekan ing cedhak désa Bètfagé lan Bétani+ sing ana ing Gunung Zaitun. Terus, Yésus ngongkon muridé loro,+ 2 kandhané, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 3 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki. Mengko bakal ndang dibalèkké mréné manèh.’” 4 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai sing ditalèni ing ngarep omah ing pinggir dalan. Mula, anak keledai kuwi diuculi taliné.+ 5 Tapi, wong-wong sing lagi ngadeg ing kono takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 6 Murid loro kuwi njawab kaya sing wis diomongké Yésus, lan wong-wong kuwi ngejarké murid loro kuwi lunga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim