PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 21:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus lan murid-muridé mandheg ing Bètfagé ing Gunung Zaitun. Ing kono, Yésus ngutus muridé loro.+ 2 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing ditalèni. Uculana taliné, lan gawanen loro-loroné mréné. 3 Nèk ana sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Wong kuwi mesthi bakal langsung mènèhké keledainé.”

  • Lukas 19:29-34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani sing ana ing gunung sing disebut Gunung Zaitun,+ Yésus ngutus muridé loro.+ 30 Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 31 Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’” 32 Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai, persis kaya sing diomongké Yésus mau.+ 33 Ning, wektu murid loro kuwi nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 34 Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim