-
Markus 15:42, 43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Dina kuwi dina Persiapan, yaiku dina sakdurungé Sabat. Wektu wis soré, 43 Yusuf saka Arimatéa nemoni Pilatus. Meskipun wedi, dhèwèké ngupaya nemoni Pilatus kanggo njaluk mayaté Yésus.+ Yusuf kuwi salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah.
-
-
Lukas 23:50-53Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
50 Ana wong lanang sing jenengé Yusuf. Dhèwèké kuwi salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan apikan.+ 51 (Dhèwèké ora gelem ndhukung rencanané Mahkamah Agung Yahudi soal matèni Yésus.) Dhèwèké saka Arimatéa, salah siji kutha ing Yudéa. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 52 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus. 53 Terus, dhèwèké ngedhunké mayaté Yésus+ lan mbungkus kuwi nganggo kain linèn sing alus. Bar kuwi, mayaté Yésus didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo.
-