PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 27:57-60
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 57 Wektu wis soré, ana wong sugih saka Arimatéa teka sing jenengé Yusuf. Dhèwèké ya wis dadi muridé Yésus.+ 58 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus.+ Terus, Pilatus ngongkon bèn mayat kuwi diwènèhké Yusuf.+ 59 Yusuf njupuk lan mbungkus mayaté Yésus nganggo kain linèn sing alus lan resik.+ 60 Mayaté Yésus mau didèlèhké ing kuburan anyar+ duwèké Yusuf, ing bukit watu sing wis digrowongi. Bar ngglundhungké watu gedhé kanggo nutup kuburan kuwi, Yusuf lunga.

  • Markus 15:43-46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Yusuf saka Arimatéa nemoni Pilatus. Meskipun wedi, dhèwèké ngupaya nemoni Pilatus kanggo njaluk mayaté Yésus.+ Yusuf kuwi salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 44 Ning, Pilatus péngin ngerti apa Yésus pancèn wis mati tenan. Mula, dhèwèké ngundang* perwira mau lan takon apa Yésus wis mati. 45 Sakwisé éntuk keterangan saka perwira mau, Pilatus nyerahké mayaté Yésus marang Yusuf. 46 Yusuf tuku kain linèn sing alus lan ngedhunké mayaté Yésus. Terus, mayaté Yésus dibungkus nganggo kain linèn kuwi lan didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Bar kuwi, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi.+

  • Yohanes 19:38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Sakwisé kuwi, Yusuf saka Arimatéa njaluk marang Pilatus bèn isa njupuk mayaté Yésus. Yusuf kuwi muridé Yésus, ning ora wani terus terang soal kuwi merga wedi karo wong Yahudi.*+ Sakwisé diijinké Pilatus, Yusuf teka lan ngedhunké mayaté Yésus.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim