-
Pangandharing Torèt 21:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Nèk ana wong sing nindakké dosa lan éntuk hukuman mati,+ dhèwèké kudu digantung ing cagak sakwisé dipatèni,+ 23 lan mayaté aja nganti ana ing cagak tekan ésuk.+ Mayaté kudu mbok kubur dina kuwi, merga wong sing digantung kuwi dikutuk Gusti Allah.+ Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé aja mbok gawé najis.+
-
-
Lukas 23:50-52Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
50 Ana wong lanang sing jenengé Yusuf. Dhèwèké kuwi salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan apikan.+ 51 (Dhèwèké ora gelem ndhukung rencanané Mahkamah Agung Yahudi soal matèni Yésus.) Dhèwèké saka Arimatéa, salah siji kutha ing Yudéa. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 52 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus.
-