PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 8:24-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Ujug-ujug ana angin gedhé ing laut. Prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu.+ 25 Terus, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati.” 26 Ning Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”+ Yésus ngadeg, terus nggetak angin lan laut. Bar kuwi, keadaané dadi tenang.+ 27 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha, ”Sapa sakjané wong iki, kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”

  • Lukas 8:23-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Pas lagi perjalanan numpak prau kuwi, Yésus turu. Bar kuwi, ana badai sing gedhé banget ing danau kuwi. Prauné dadi kebak banyu lan mèh kleleb.+ 24 Mula, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, Guru, awaké dhéwé bakal mati.” Terus Yésus tangi. Dhèwèké nggetak angin lan ombak sing gedhé kuwi. Bar kuwi, badainé mandheg, lan keadaané dadi tenang.+ 25 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ing endi imanmu?” Murid-murid dadi wedi banget lan nggumun, terus padha ngomong, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti angin lan banyu waé manut karo préntahé?”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim