PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 8:24-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Ujug-ujug ana angin gedhé ing laut. Prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu.+ 25 Terus, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati.” 26 Ning Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”+ Yésus ngadeg, terus nggetak angin lan laut. Bar kuwi, keadaané dadi tenang.+ 27 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha, ”Sapa sakjané wong iki, kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”

  • Markus 4:37-41
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 Ujug-ujug ana badai. Prauné diterjang ombak nganti kebak banyu.+ 38 Ning, wektu kuwi Yésus lagi turu nganggo bantal ing prau bagéan mburi. Mula, murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, apa njenengan ora ndelok nèk awaké dhéwé wis mèh mati?” 39 Terus, Yésus tangi. Dhèwèké nggetak angin kuwi lan kandha marang laut, ”Meneng! Mandhega!”+ Bar kuwi, anginé langsung mandheg, lan keadaané dadi tenang. 40 Terus, Yésus ngomong, ”Ngapa kok kowé wedi? Apa kowé isih durung nduwé iman?” 41 Murid-murid kuwi wedi banget lan padha ngomong, ”Sapa ta sakjané wong iki kok nganti angin lan laut waé manut karo dhèwèké?”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim