-
Matius 14:15-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 16 Ning Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga. Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” 17 Murid-muridé kandha, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro.” 18 Yésus kandha, ”Gawanen mréné.” 19 Terus, wong-wong kuwi dikongkon lungguh ing suket. Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong. 20 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak,+ 21 padahal sing mangan ana kira-kira wong lanang 5.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+
-
-
Lukas 9:12-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wektu wis soré, rasul 12 kuwi marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Mula, kongkonen wong-wong iki lunga bèn isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 13 Ning Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.”+ Para rasul njawab, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro. Apa aku perlu lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki?” 14 Ing kono, ana kira-kira wong lanang 5.000. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh lan nggawé kelompok-kelompok. Saben kelompok kira-kira wong 50.” 15 Mula, murid-murid ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga. Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. 17 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan sisané ana 12 kranjang.+
-