PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 14:15-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 16 Ning Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga. Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” 17 Murid-muridé kandha, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro.” 18 Yésus kandha, ”Gawanen mréné.” 19 Terus, wong-wong kuwi dikongkon lungguh ing suket. Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong. 20 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak,+ 21 padahal sing mangan ana kira-kira wong lanang 5.000, durung termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+

  • Markus 6:35-44
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, lan saiki ya wis soré.+ 36 Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 37 Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-murid takon, ”Berarti aku kudu tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké kuwi marang kabèh wong iki?”+ 38 Yésus ngomong, ”Kowé nduwé roti pira? Kana didelok sik.” Sakwisé kuwi, murid-murid njawab, ”Iki ana roti lima lan iwak loro.”+ 39 Bar kuwi, Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh ing suket lan nggawé kelompok-kelompok.+ 40 Terus, wong-wong kuwi lungguh. Sak kelompok ana sing jumlahé 100 lan ana sing jumlahé 50. 41 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. Dhèwèké ya ngedum-edumké iwak kuwi kanggo kabèh wong ing kono. 42 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. 43 Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak, durung termasuk iwaké.+ 44 Sing mangan roti kuwi jumlahé 5.000 wong lanang.

  • Yohanes 6:5-13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Pas ndelok ana wong akèh sing marani dhèwèké, Yésus ngomong karo Filipus, ”Ing endi ya awaké dhéwé isa tuku roti bèn isa mènèhi wong-wong kuwi mangan?”+ 6 Sakjané, Yésus wis ngerti kudu piyé. Ning, Yésus takon kaya ngono merga péngin nguji Filipus. 7 Filipus njawab, ”Senajan dhuwit 200 dinar* tak enggo tuku roti, lan senajan rotiné tak bagi sithik-sithik marang saben wong, tetep waé kuwi ora bakal cukup.” 8 Murid liyané, yaiku Andréas, seduluré Simon Pétrus, ngomong karo Yésus, 9 ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?”+

      10 Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Panggonan kuwi akèh suketé, lan wong-wong kuwi lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira wong lanang 5.000.+ 11 Terus, Yésus njupuk roti kuwi, ngucap syukur, lan ngedumké marang wong-wong kuwi. Yésus ya nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong mangan nganti wareg. 12 Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Klumpukna sisané bèn ora ana sing kebuwang.” 13 Terus, roti barli lima sing dipangan wong-wong kuwi diklumpukké sisané karo murid-murid, lan sisané ana 12 kranjang.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim