-
Matius 14:14-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wektu tekan pantai, Yésus ndelok wong akèh kuwi wis ana ing kono. Yésus mesakké wong-wong kuwi+ lan marèkké sing lara.+ 15 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 16 Ning Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga. Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” 17 Murid-muridé kandha, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro.”
-
-
Markus 6:35-38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, lan saiki ya wis soré.+ 36 Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 37 Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-murid takon, ”Berarti aku kudu tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké kuwi marang kabèh wong iki?”+ 38 Yésus ngomong, ”Kowé nduwé roti pira? Kana didelok sik.” Sakwisé kuwi, murid-murid njawab, ”Iki ana roti lima lan iwak loro.”+
-
-
Lukas 9:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wektu wis soré, rasul 12 kuwi marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Mula, kongkonen wong-wong iki lunga bèn isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 13 Ning Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.”+ Para rasul njawab, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro. Apa aku perlu lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki?”
-