PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 4:31-37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Terus, Yésus lunga ing kutha Kapernaum ing Galiléa lan mulang wong-wong pas dina Sabat.+ 32 Wong-wong kagum karo carané Yésus mulang,+ merga sing diwulangké asalé saka Gusti Allah. 33 Ing sinagogé, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok,+ 34 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 35 Ning, Yésus nggetak roh jahat kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Terus, roh jahat kuwi mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh lan metu tanpa nggawé wong mau lara. 36 Wong-wong dadi nggumun lan kandha, ”Omongané ampuh tenan. Dhèwèké ngusir roh jahat* kuwi nganggo wewenang lan kuwasané, mula roh jahat kuwi metu.” 37 Kuwi sebabé kabar soal Yésus nyebar ing kabèh dhaérah sekitar kono.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim