PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 16:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Mulai wektu kuwi, Yésus njelaské marang murid-muridé nèk dhèwèké kudu lunga ing Yérusalèm lan dianiaya para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni, lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+

  • Matius 17:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa,+ 23 lan dipatèni. Tapi ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ Murid-murid dadi sedhih banget.

  • Markus 8:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Yésus ya mulang murid-muridé nèk Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+

  • Lukas 9:44, 45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 44 ”Rungokna tenanan, lan éling-élingen omonganku iki: Anaké manungsa bakal dikhianati lan diserahké marang manungsa.”+ 45 Ning, murid-murid ora ngerti maksud omongané Yésus. Sakjané, maksud omongané kuwi pancèn isih dirahasiakké saka murid-murid. Mula, murid-murid ora ngerti artiné. Murid-murid ya ora wani takon karo Yésus soal omongan kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim