-
Matius 12:9-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10 Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ Merga péngin nggolèk salahé Yésus,+ wong Farisi nakoni Yésus, ”Nurut hukum, apa éntuk marèkké wong pas dina Sabat?” 11 Yésus njawab, ”Nèk kowé nduwé domba siji, terus dombamu kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal mbok angkat saka kalèn kuwi, ta?+ 12 Manungsa luwih berharga timbang domba. Dadi, nindakké apa sing apik pas dina Sabat kuwi ora apa-apa.” 13 Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14 Terus, wong Farisi metu saka kono lan nggawé rencana arep matèni Yésus.
-
-
Lukas 6:6-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ing dina Sabat liyané,+ Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulang wong-wong. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.+ 7 Para ahli Taurat lan wong Farisi péngin nggolèk cara kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong-wong kuwi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong pas dina Sabat. 8 Ning, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi.+ Kuwi sebabé Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Terus, wong lumpuh kuwi tangi lan ngadeg ing tengah. 9 Bar kuwi, Yésus ngomong karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Aku arep takon, menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ 10 Bar ndeloki kabèh wong ing sekitaré, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngulurké tangané, lan tangané mari. 11 Para ahli Taurat lan wong Farisi dadi nesu banget lan padha rembugan Yésus arep diapakké.
-