PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 12:9-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10 Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ Merga péngin nggolèk salahé Yésus,+ wong Farisi nakoni Yésus, ”Nurut hukum, apa éntuk marèkké wong pas dina Sabat?” 11 Yésus njawab, ”Nèk kowé nduwé domba siji, terus dombamu kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal mbok angkat saka kalèn kuwi, ta?+ 12 Manungsa luwih berharga timbang domba. Dadi, nindakké apa sing apik pas dina Sabat kuwi ora apa-apa.” 13 Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14 Terus, wong Farisi metu saka kono lan nggawé rencana arep matèni Yésus.

  • Markus 3:1-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yésus mlebu ing sinagogé* manèh. Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ 2 Wong Farisi péngin nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong Farisi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong kuwi pas dina Sabat. 3 Yésus ngomong karo wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Mrénéa, ngadega ing tengah.” 4 Terus, Yésus takon marang wong Farisi, ”Menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ Ning, wong-wong kuwi meneng waé. 5 Yésus jèngkèl pas ndelok wong-wong kuwi. Dhèwèké ya sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora tanggap.+ Terus, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané mari. 6 Wong Farisi sing ana ing kono langsung metu lan sekongkol karo para pengikuté partai Hérodès+ kanggo matèni Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim