-
Markus 3:1-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Yésus mlebu ing sinagogé* manèh. Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ 2 Wong Farisi péngin nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong Farisi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong kuwi pas dina Sabat. 3 Yésus ngomong karo wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Mrénéa, ngadega ing tengah.” 4 Terus, Yésus takon marang wong Farisi, ”Menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ Ning, wong-wong kuwi meneng waé. 5 Yésus jèngkèl pas ndelok wong-wong kuwi. Dhèwèké ya sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora tanggap.+ Terus, Yésus ngomong karo wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané mari. 6 Wong Farisi sing ana ing kono langsung metu lan sekongkol karo para pengikuté partai Hérodès+ kanggo matèni Yésus.
-
-
Lukas 6:6-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ing dina Sabat liyané,+ Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulang wong-wong. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.+ 7 Para ahli Taurat lan wong Farisi péngin nggolèk cara kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong-wong kuwi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong pas dina Sabat. 8 Ning, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi.+ Kuwi sebabé Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Terus, wong lumpuh kuwi tangi lan ngadeg ing tengah. 9 Bar kuwi, Yésus ngomong karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Aku arep takon, menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ 10 Bar ndeloki kabèh wong ing sekitaré, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngulurké tangané, lan tangané mari. 11 Para ahli Taurat lan wong Farisi dadi nesu banget lan padha rembugan Yésus arep diapakké.
-