PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Ning wong Farisi kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh jahat.”+

  • Matius 10:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Wis cukup nèk murid isa dadi kaya guruné lan budhak isa dadi kaya majikané.+ Nèk sing nduwé omah waé diarani Béèlzébul,*+ apa manèh wong-wong sing sak omah karo dhèwèké.

  • Matius 12:24-29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wektu krungu kuwi, wong Farisi ngomong, ”Wong iki ora mungkin isa ngusir roh jahat nèk ora diéwangi Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 25 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi, Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padu dhéwé-dhéwé lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 26 Dadi, nèk Sétan ngusir Sétan, berarti dhèwèké nglawan dhèwèké dhéwé. Apa pamréntahané ora bakal hancur? 27 Nèk misalé aku ngusir roh jahat iki merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Wong-wong kuwi kan ya ngusir roh jahat, ta? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 28 Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 29 Apa ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi? Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok.

  • Lukas 11:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Ning ana sing ngomong, ”Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+

  • Yohanes 8:48
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 48 Wong Yahudi njawab, ”Bener ta omonganku nèk kowé kuwi wong Samaria+ lan kesurupan roh jahat.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim