-
Markus 3:22-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Sakliyané kuwi, para ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm kandha, ”Dhèwèké kesurupan Béèlzébul.* Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh-roh jahat.”+ 23 Terus, Yésus ngundang* wong-wong kuwi lan ngomong nggunakké perumpamaan, ”Apa isa Sétan ngusir Sétan? 24 Nèk ing kerajaan rakyaté padu dhéwé-dhéwé, kerajaan kuwi mesthi bakal hancur.+ 25 Nèk ing keluarga wongé ora rukun, keluarga kuwi mesthi bakal hancur. 26 Padha kaya kuwi, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, dhèwèké bakal hancur lan lenyap. 27 Ora ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi. Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok.
-
-
Lukas 11:15-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Ning ana sing ngomong, ”Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 16 Ana manèh wong-wong sing péngin nguji Yésus lan njaluk bèn Yésus nduduhké tandha+ saka swarga. 17 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong kuwi,+ Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padha padu dhéwé-dhéwé lan saben keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 18 Kowé kan mau ngomong nèk aku ngusir roh-roh jahat merga dibantu Béèlzébul. Lha nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, apa pamréntahané ora bakal hancur? 19 Nèk misalé aku ngusir roh jahat merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 20 Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané* Gusti Allah,+ kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 21 Nèk wong lanang sing kuwat lan nduwé senjata lengkap njaga omahé, hartané bakal tetep aman. 22 Ning, nèk ana wong sing luwih kuwat nyerang lan ngalahké wong lanang kuwi, kabèh senjata sing diendel-endelké wong lanang kuwi bakal dirampas, lan hartané ya bakal diedum-edumké. 23 Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+
-