PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 12:24-30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wektu krungu kuwi, wong Farisi ngomong, ”Wong iki ora mungkin isa ngusir roh jahat nèk ora diéwangi Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 25 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi, Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padu dhéwé-dhéwé lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 26 Dadi, nèk Sétan ngusir Sétan, berarti dhèwèké nglawan dhèwèké dhéwé. Apa pamréntahané ora bakal hancur? 27 Nèk misalé aku ngusir roh jahat iki merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Wong-wong kuwi kan ya ngusir roh jahat, ta? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 28 Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 29 Apa ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi? Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok. 30 Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+

  • Markus 3:22-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Sakliyané kuwi, para ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm kandha, ”Dhèwèké kesurupan Béèlzébul.* Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh-roh jahat.”+ 23 Terus, Yésus ngundang* wong-wong kuwi lan ngomong nggunakké perumpamaan, ”Apa isa Sétan ngusir Sétan? 24 Nèk ing kerajaan rakyaté padu dhéwé-dhéwé, kerajaan kuwi mesthi bakal hancur.+ 25 Nèk ing keluarga wongé ora rukun, keluarga kuwi mesthi bakal hancur. 26 Padha kaya kuwi, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, dhèwèké bakal hancur lan lenyap. 27 Ora ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi. Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim