PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 18:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Wektu kuwi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Sapa sakjané sing paling utama ing Kerajaan swarga?”+ 2 Terus, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé para muridé. 3 Yésus kandha, ”Percayaa, nèk sikapmu bener-bener berubah lan dadi kaya bocah cilik,+ kowé mesthi bakal mlebu ing Kerajaan swarga.+ 4 Mula, sapa waé sing rendah hati kaya bocah cilik iki, wong kuwi sing paling utama ing Kerajaan swarga.+ 5 Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku.

  • Markus 9:33-37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Yésus lan para murid tekan ing Kapernaum. Wektu ana ing njero omah, Yésus takon karo murid-muridé, ”Pas ing dalan mau, kowé padu soal apa?”+ 34 Murid-murid meneng waé, merga pas ing dalan mau padha padu soal sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 35 Mula, Yésus lungguh lan ngundang* rasulé 12. Yésus kandha, ”Nèk ana sing péngin dadi nomer siji, dhèwèké kudu dadi sing terakhir lan nglayani liyané.”+ 36 Terus, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé murid-muridé. Yésus ngrangkul bocah kuwi lan kandha, 37 ”Sapa waé sing nampa bocah cilik+ kaya ngéné iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, sakjané ora mung nampa aku, ning ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.”+

  • Lukas 22:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Tapi, para rasul ya padu soal sapa sing dianggep paling penting.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim