-
Wahyu 12:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Terus, ana perang ing swarga. Mikhaèl*+ lan malaékat-malaékaté perang nglawan naga kuwi. Naga kuwi ya nglawan diéwangi malaékat-malaékaté. 8 Ning, naga kuwi lan malaékat-malaékaté kalah lan ora éntuk manggon ing swarga manèh. 9 Mula, naga gedhé+ kuwi diuncalké ing bumi.+ Dhèwèké kuwi ula sing pertama,+ sing disebut Iblis+ lan Sétan,+ sing lagi nyesatké kabèh penduduk ing bumi.+ Malaékat-malaékaté ya diuncalké bareng karo dhèwèké.
-