-
Danièl 7:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”Ing wahyu bengi kuwi, aku ndelok ana sing kaya anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga ing langit. Dhèwèké diijinké nemoni Sing Lanjut Usia,+ terus dhèwèké digawa ing ngarepé. 14 Dhèwèké diwènèhi kuwasa,+ kehormatan,+ lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké.+ Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.+
-
-
Matius 6:9-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Mula, kowé kudu ndonga kaya ngéné:+
”’Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu+ disucèkké.+ 10 Muga-muga Kerajaan-Mu teka,+ lan sing Njenengan karepké+ muga-muga kelakon ing bumi+ kaya ing swarga. 11 Wènèhana aku panganan* sing tak butuhké dina iki,+ 12 lan tulung dosa-dosaku* diapura kaya aku wis ngapura wong sing dosa marang aku.+ 13 Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha,*+ lan slametna aku saka Iblis.’*+
-