-
Markus 2:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus, Yésus mangan ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong dosa sing mangan bareng karo Yésus lan para muridé. Ing antarané wong-wong kuwi, ana akèh sing wis dadi pengikuté Yésus.+ 16 Ning, wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok Yésus mangan karo wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok dhèwèké mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”
-
-
Lukas 5:29, 30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Bar kuwi, Lèwi nggawé pésta gedhé kanggo Yésus ing omahé. Ana akèh petugas pajeg lan wong-wong liyané sing mangan bareng karo Yésus lan murid-muridé.+ 30 Kuwi sebabé wong Farisi lan para ahli Taurat protès karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok kowé mangan lan ngombé karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+
-