-
Matius 20:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wektu perjalanan menyang Yérusalèm,+ Yésus ngejak muridé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, 18 ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké.+ 19 Wong-wong kuwi bakal nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya bèn dhèwèké diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak.+ Tapi, ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+
-
-
Markus 10:32-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Terus, Yésus lan murid-muridé mlaku ing Yérusalèm. Yésus mlaku ing ngarep dhéwé. Murid-murid padha kagum, ning wong-wong liyané sing ngetutké mulai ngrasa wedi. Yésus ngejak rasulé 12 misah manèh saka wong-wong liyané lan mulai ngandhani soal apa waé sing bakal dhèwèké alami.+ 33 Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké lan nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya. 34 Wong-wong kuwi bakal ngécé, ngidoni, mecuti, lan matèni dhèwèké. Tapi, ing dina ketelu,* dhèwèké bakal urip manèh.”+
-