PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 20:17-19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Wektu perjalanan menyang Yérusalèm,+ Yésus ngejak muridé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, 18 ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké.+ 19 Wong-wong kuwi bakal nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya bèn dhèwèké diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak.+ Tapi, ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+

  • Markus 8:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Yésus ya mulang murid-muridé nèk Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+

  • Markus 9:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 merga Yésus lagi mulang murid-muridé. Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa, lan dipatèni.+ Senajan dipatèni, dhèwèké bakal urip manèh ing dina ketelu.”*+

  • Lukas 9:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Yésus ya ngomong, ”Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.”+

  • Lukas 18:31-33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Bar kuwi, Yésus ngejak rasulé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan kabèh sing ditulis liwat para nabi soal Anaké manungsa bakal kelakon.+ 32 Contoné, dhèwèké bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya,+ diécé,+ dirèmèhké, lan diidoni.+ 33 Sakwisé dhèwèké dipecuti, wong-wong kuwi bakal matèni dhèwèké.+ Tapi, ing dina ketelu dhèwèké bakal urip manèh.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim